Kumpulan Pidato Bahasa Jawa

Pidato Bahasa Jawa
Berpidato dalam bahasa Indonesia memiliki kerumitannya tersendiri. Terlebih jika Anda dituntut untuk berpidato dalam bahasa tradisional. Tentu lebih rumit lagi. tapi jangan khawatir, sebab ada banyak naskah pidato dalam bahasa jawa yang bisa Anda jadikan sumber inspirasi untuk menulis pidato Anda. Berikut beberapa manuskrip pidato dalam bahasa jawa yang kami rangkum dari berbagai sumber. Tema yang diangkat pun sangat beragam. Mulai dari pidato bahasa Jawa dengan tema perpisahan hingga pidato bahasa jawa dengan tema Hari Kartini. Simak uraian berikut ini.

Pidato Bahasa Jawa Dengan Tema Perpisahan
Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb

Pidato Bahasa Jawa Dengan Tema Hari Kartini

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.
Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.
Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

Pidato Bahasa Jawa Dengan Kromo Inggil

Ass. Wr.wb.
Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko.
Saderek-saderek sedanten……..
Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius……..
Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..
Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae……..
Saderek-saderek sebongso lan setanah air……….
Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri “tercinta” Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan
Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken……. mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten.
Matur suwun kulo sampekaken………
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Jawa Tema Isra Mi'raj

Ingkang kinurmatan Bapak Lurah …
Ingkang kinurmatan bapak Ketua Rt ,,,
Ingkang kinurmatan bapak …..
Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati….

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawulo aturaken matur nuwun sanget kagem bapak / ibu sedoyo ingkang sampun menehi kesempatan kagem kawulo kangge nyambut acara meniko wonten ing Isra’ mi’ra nabi agung Muhammad saw. Saderengipun monggo kito sedoyo ngucapaken puji syukur dhumateng gusti Allah swt, sebab kanti nikmat lan rahmatipun kito sedoyo saget makempal wonten ing mriki, sehingga wonteng ing ndalu niki kito tanda diwenehi kesehatan jasmanu ugi rohani kagem ngringoaken ceramah agama kagem santapan rohani wontening acara Isro lan mi’roj nabi agung Muhammad saw.
Salajengipun, kulo aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumating sedoyo poro rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wektunipun kagem nggolet ilmu lan ngrungoake ceramah agama ingkan sekedap malih bade dipun sampeaken dening Bpk … … .. (ingkang badhe ngisi pengajian)
Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sa’wajare mangertos dumateng junjungan nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkataken iman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kito dhumateng Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang dado larangan-laranganipun Allah swt.
Kawulo atas nami Ketua Panitia peringatan Isro lan mi’job, ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isro lan mi’jor meniko bener-bener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito sedoyo umat islam.
Khususipun kagem Bapak …. (ingkang isi ceramah) kawulo aturaken matur nuwun ingkang sanget kagem keikhlasanipun wonten ing ngaturaken babagan agama kagem kito sedoyo wonten ing ndalu puniko, mugimugi amalipun saged dipun tampi dening Allah swt lan dipun paringi ganjaran ingkang lipet.. amin…

wa billahitaufiq walhidayah,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Demikian contoh pidato bahasa Jawa yang kami kumpulkan dari berbagai sumber. Semoga bermanfaat bagi Anda semua dan memberi ide segar dalam penulisan naskah pidato Anda sendiri. Semoga sukses!